Tuesday, April 21, 2020

Isolasi

Dipegang gelas itu berulangkali, disentuh, letakkan, sentuh lagi. Pandangannya jauh menerawang entah apa yang dipandangnya. 
Tak seperti biasanya lek Marto terlihat kalut dan bingung. Sesekali ia sentuh mendoan yang memang masih panas, tak jadi jua ia angkat ke mulutnya. 
"Kamu itu kenapa to kang, ora kaya biasane, ceria sumringah, ceplas ceplus cabe kamu yang habisin, ada apa?" Kang Sanadi mbuyarke suasana wengi iki
"Emak ning kampung takon, aku mulih ora bada Iki?"
"Lha kok jawab piye kang?" Sambung lek Karman
"Embuh Iki aku rung isi jawab"
"Lha kok durung isa?kenapa?, Tabunganmu Ya ana, motormu Ya kuat tekan kampung, wong Ya mung cedek. Ngono kok bingung" 
Tak ada jawaban, lek Marto mung nyruput kopine. Suasana tegang menunggu entah apa yang akan keluar dari mulut lek Marto. Detik terus berdetak tanpa suara, warung sing biasane penuh full, Iki mung wong telu, papat ro bakule. Awit ana himbauan dilarang berkerumun aturan ngopi, njahe, lan ngunjuk susu mung entuk wong telu sing lungguh liyane pesen kursi dhisik Yen Arep ngopi utawa milih dibungkus.
"Pripun Niki mas guru" lek Karman nembak pitakonan
" Lha nggih nengga jawaban lek Marto, aku Yo ora ngerti nek Babagan iku lek" sembari kutatap lek Marto
"Wis ngene tak wenehi ngerti, aku pengin mulih, aku ora Wedi Corona utawa copit-19 awit aku wis duwe masker lan sabun cair. Aku mung kepikiran emak telp kampungku lagi di download lan di slow down karo perangkat desa awit Senin wingi mbuh sampe kapan. Aku njur piye nek ngene iki, dadi bingung mulih apa ora?"
Saling pandang aku, kang sanadi, lan lek Karman.  Lek Karman ro kang sanadi ngguyu ngakak aku mung mesem sementara lek Marto mung nyawang sajake bingung.

No comments: