Tuesday, April 21, 2020

Kartini

"Esuk iki ora koyo biasane Kang" lek Marto sambat muleh Soko subuhan
"Lha kepiye to kang, Iki Yo gerimis, tur bocah-bocah Yo do prei, koyo biasane seng kepiye maneh" lek Sayuti nyaut sak kecape
"Niki lho kopine mpun di unjuk riyin Ben anget, gerimis ngene iki pas" kang Yono bakule tanggap.
Aku mung nyawang, nunggu respon lek Marto, nanging dewekke mung mandeng dalan kang sepi sedilok sedilok narik nafas jeru trus nyekel batukke.
"Awakmu iku kenopo kae lho gurune Yo ngenteni jawabanmu, wong kok malah ngalamun" lek Sayuti sajake kemropok ora sabar.
"Ngene lho, Dino Iki setahun mbiyen aku melu ribu ngeterke genduk putuku Nang salon, antree awet bubar subuh ngene iki, direwangi padu ro mbok mbok awet anakke nyelo nggenduk. Nanging isuk iki, jiaan nyenyet, piye kahanan Iki Arep rampung" lek Marto melas suarane
"Iki Dino kan mengeti mbokne, lha Saiki sopo seng kelingan ro mbokne" neruske omongan
"Sek, sek, sek, mengeti mbokne lha mbokne genduk iku sopo kok dipengeti sampai suk suka an antre nang salon. Wah jian nglindur Iki sampeyan" lek Sayuti nyaut neh
" lha to Ojo meneh wong wong Nang kono, sampeyan seng Nang kene wae lali je" lek Marto langsung muni muni
"Sekedap sabar lek Marto, Yo Ojo gebyah Uyah, pancene lek Sayuti ora ngerti sopo mbokne genduk Yo Ojo nesu. Sak ngertiku Iki Dino tanggal selikur iku mengeti hari Kartini" kucoba menengahi
"Lha mbokne genduk iku kan Kartini Yo berarti kan dipengeti sak Indonesia" ro nyruput kopine lek Marto mbayar trus lungo.
Lek Sayuti, kang Yono mung gedek gedek nyawang gegere lek Marto soyo suwe soyo ilang mlebu gang.

No comments: