Monday, May 11, 2020

Laptop Pak Guru

Sakwise buka sebelum isak tiba, kulangkahkan kaki menuju angkringan lek Nyono. 
Kulihat dari jauh lek Marto ngawe-awe tangane diangkat dhuwur sajakke nyeluk aku.

"Wonten punapa Lek, kok kadingaren sampeyan ngundang-ngundang aku"

"Injih mas guru, mbok mriki sediluk sambil nunggu azan Isak. Niki lho lek Nyono ngangkluh warunge sepi, aku Yo wis prei ora kerja lho."

"Lha nggih kados pundi kahanane nggih kados ngeten je, sabar mawon nggih"

"Lha sampeyan ngertos boten, kinten-kinten kapan Corona niki lunga, minggat saka kene mas guru" penuh semangat tekon meksa lek Marto iki

"Iyo mas guru, sampeyan kan duwe laptop jajal digolekki kapan kira-kira lunga" kang Nyono nyaut.

Kupandangi wajah keduanya yg masih menunggu jawabanku, otakku pun tiba-tiba berputar cepat berita dari satu televisi ke televisi lain, koran, dan status para petugas covid-19 menunmpuk, tak satu pun ada jawaban pasti yg harus kuucap. 

"Pripun Niki mas guru?, Kapan Corona lunga Saka Indonesia."

"Yo wis ngene Yo dedonga muga-muga habis lebaran besok Corona pun lunga lek, dadi warungmu Yo rame, lek Marto Ya Ndang kerjo Malih." Sambungku.

"Lha kok ndadak munggu bada to mas guru?"

"Iyo mas, mbok Kono di mail pa dikandani lewat laptope sampeyan Ndang sesuk lunga"
Ini yang salah jawabanku atau mereka yg tidak tahu fungsi laptop, aku hanya tersenyum memandangnya.

"Coronane Arep njaluk ngapura dhisik, bubar riyaya id, dadi lungane wis gak duwe salah, ngertos sampeyan."kujawab sambil pamitan karena azan Isak sudah terdengar.

"Iyo Yo, Corona meh njaluk ngapura dhisik kang, suwun mas guru inponya"

Masih kudengar mereka berbicara dan berteriak memanggilku.

No comments: