Monday, May 11, 2020

Magic com Anyar

Ora kaya biasane, dengaren kang Marto ngganepke pasane santap buka nang angkringan sore iki. Wajahe katon anyel lan ora sabar pesen es teh rong gelas. 
"Sampeyan napa kang, rak biasane buka magrib Nang kene biasane kok bengi" kang Nyono Karo ngudek es teh.
"Ketiwasan sore Iki kang" 
"Ketiwasan piye to, lha ana apa? Anak bojomu Nang dhi? Apa ora dimasakke"
"Aku mau blonjo pithik, tempe, malah aku Yo tuku degan rong glundung"
"Lha dene wis blonjo kok malah buka Rene, wis Jian sampeyan Iki ora hargai istri masak pa piye?"
Aku nyawang wong loro dha saurmanuk rak isa dipedhot.
"Kang Nyono, obat maag wae Yo, aku Ndang Arep buka malah telat Iki"
"O ingih pak guru, sekedhap njih."
Tak sawang kang Marto nyruput es teh seger tenan. 
"Ngene lho kang Nyono mau masakkane bojoku wis cemepak Nang meja Kabeh, lha kaya biasane kurang limang menit Padha Arep ngeler Sega. Lha kok malah jebulane magiccom  durung diceprutna nang stopkontak lha isih banyu ro beras"
Lek Nyono ngempet ngguyu ro nyawang aku trus mlebu, aku ya pamitan tak tinggal Dewe lek Marto lagi umak umik nyamleng gorengan.

No comments: