Lek Sarto mung nyawang HPne, suwe anggone nyawang nganti katon kosong pandangane.
Sansoyo nggrantes anggonku nyawang awit luh tumetes nyebrang pipine trus anjlog nang mejo, lek Sarto tetep ora obah.
"mbok mpun to lek, ampun kejeron anggone menggalih perkawis, jan jane wonten punopo?"
Iseh ora obah meneng lan luh terus mrebes mili, aku lan lek Karman mung ndomblong bingung ora tinemu jawaban.
"Mas guru, pripun niki, aku malah bingung, gek gek kang Sarto kesambet nang wet mburi iku"
"husss, sampaian niku lek, senengane kok horor"
Lek Sarto nginguk ngiwo nyawang aku lan lek karman kanti ilun ilun anggone mengo.
"aku ora kuat yen ngene terus, aku ora iso nyukupi kebutuhane genduk"
"lha pripun tho, jenengan malah iso duwe cageran warung iki, kae sawangen liyane do ambruk rak jelas juntrunge" lek Karman nyaut
"nanging piye ya, aku mumet lan kudu piye iki...."
" lha to malah dresulo terus, uwes to"
"mpun mpun, janjane wonten punopo, cerito to lek..."
" ngeten mas Guru, ngeten.... Nopo niku.... Ahh.... Segane ora iso mateng!"
"pruut ahh mung sego wae ndandak nangis, wes ki kopi susu" lek Karman ngadeg mbayar trus lungo
"lek, arep nangdhi..." lek sarto nggembor
"nggolek sego nang warung liyo"