Tuesday, April 21, 2020

Piye Maneh Iki

Cepat kuteguk jahe hangat yang sedari tadi tersaji di depanku. 
Kupandangi lek Marto yang "ngedumel" mbahas anak kesangane, Marni yang paling bontot. Awit diliburkan dari sekolah, lek Marto sering mbesengut anggone ngopi Nang angkringan Iki.
Apa maneh bojo kesayangane lek Marto Yo kepeksa prei, ora ngeterke sekolah rince anak juragan emas sebelah omahe.
"Lagek tak rasakke, abote dadi guru, lagi limangdina nyinaoni Marni ora sabar tenan aku, ana meh pipis, meh minum, meh main boneka, meh ngemil padahal siji wae soal rung dadi digarap. "
"Ya wis sing sabar..." Kang Marno nyeletuk
"Iya ora mung sampeyan, aku Yo ngrasakke kok Dhe" sambung Joni.
"Mesakke bocahe stres ora merga ora isa nggarap, nanging stres merga mbok seneni  ae to lek'" bakule melu nyeletuk.
"Mas guru, sampe kapan Iki copid lunga Ya?" Menyapaku yg asik menyimak mereka.
"Ya sabar, sampeyan bersyukur, kae lho dokter, perawat isih dha kerja siang malam. Terus kanca-kanca pendidik uga isih masuk sanajan bbrp orang ".
" Maka, tetep jaga kesehatan, bersih diri, cuci tangan dg air sabun atau alkohol sebelum dan sesudah aktivitas. Terus jangan keluar ke Mall, pusat keramaian, kerumunan, hindari kontak dg orangsing lan tutupi yen lagi Watuk utawa wahing. Yen pilek utawa lara Yo nang omah wae utawa langsung priksakna. Sing paling penting betah nang omah Yo lek, pak Dhe"
" Lha Iki bahaya Anggonku mas guru" lek Marto motong omonganku
"Lha kok bahaya?"
" Lha omahku umpama kabeh negatif apa kuwi? Corona covid-19, Iyo rwa"
" Iyo bener iku  copid "
"Lha bersyukur Yen sak omah negatif covid-19."
Hampir serentak kami komentar
"Iya covid-19 negatif Alhamdulillah nanging bojoku malah positif. Coba piye kuwi, tambah mumet aku."

#$#$&_$$#$$+-&+

No comments: